Jumat, 18 Februari 2011
jatilan
(jatilan tri turonggo mudo)
Jatilan adalah salah satu jenis tarian rakyat yang bila ditelusur latar belakang sejarahnya termasuk tarian yang paling tua di Jawa.
Tari yang selalu dilengkapi dengan property berupa kuda kepang ini lazimnya dipertunjukkan sampai klimaksnya, yaitu keadaan tidak sadar diri pada salah seorang penarinya.
Penari jatilan dahulu hanya berjumlah 2 orang tetapi sekarang bisa dilakukan oleh lebih banyak orang lagi dalam formasi yang berpasangan. Tarian jatilan menggambarkan peperangan dengan naik kuda dan bersenjatakan pedang.
Selain penari berkuda, ada juga penari yang tidak berkuda tetapi memakai topeng.
Di antaranya adalah penthul, bejer, cepet, gendruwo dan barongan.
Reog dan jatilan ini fungsinya hanya sebagai tontonan/hiburan, ini agak berbeda dengan fungsi reog pada zaman dahulu yang selain untuk tontonan juga berfungsi sebagai pengawal yang memeriahkan iring-iringan temanten atau anak yang dikhitan serta untuk kepentingan pelepas nadzar atau midhang kepasar.
Perbedaan antara Jatilan dan Reog antara lain adalah pertama, dalam permainan Jatilan penari kadang-kadang bisa rnencapai trance, sedangkan pada Reog penari tidak bisa mengalami hal ini.
Kedua, pada Jatilan selama permainan berlangsung digunakan tempat / arena yang tetap.
Pada Reog selain permainannya tidak menggunakan arena atau tempat yang tetap, juga sering diadakan untuk mengiringi suatu perjalanan ataupun upacara.
Mengenai kapan dan dimana lahirnya dua jenis kesenian ini orang tidak tahu. Para pemain Jatilan dan Reog hanya mewarisi kesenian tersebut dari nenek moyang mereka.
Orang-orang umumnya menyatakan bahwa Jatilan dan Reog sudah ada sejak dulu kala.
Pendukung permainan ini tidak tentu jumlahnya tergantung pada banyak sedikitnya anggota.
Meskipun demikian biasanya pendukung tersebut sekitar 35 orang dan terdiri dari laki-laki dengan perincian: penari 20 orang; penabuh instrumen 10 orang; 4 orang penjaga keamanan/ pembantu umum untuk kalau ada pemain yang mengalami trance; dan 1 orang sebagai koordinator pertunjukan (pawang).
Para penari menggunakan property pedang yang dibuat dari bambu dan menunggang kuda lumping.
Di antara para penari ada yang memakai topeng hitam dan putih, bernama Bancak (Penthul) untuk yang putih, dan Doyok (Bejer/Tembem) untuk yang hitam.
Kedua tokoh ini berfungsi sebagai pelawak, penari dan penyanyi untuk menghibur prajurit berkuda yang sedang beristirahat sesudah perang-perangan.
Ketika menari para pemain mengenakan kostum dan tata rias muka yang realistis.
Ada juga group yang kostumnya non-realistis terutama pada tutup kepala; karena group ini memakai irah-irahan wayang orang.
Pada kostum yang realistis, tutup kepala berupa blangkon atau iket (udeng) dan para pemain berkacamata gelap, umumnya hitam.
Selama itu ada juga baju/kaos rompi, celana panji, kain, dan stagen dengan timangnya.
Puncak tarian Jatilan ini kadang-kadang diikuti dengan keadaan mencapai trance (tak sadarkan diri tetapi tetap menari) pada para pemainnya.
Sebelum pertunjukan Jatilan dimulai biasanya ada pra-tontonan berupa tetabuhan dan kadang-kadang berupa dagelan/ lawakan.
Kini keduanya sudah jarang sekali ditemui.
Pertunjukan ini bisa dilakukan pada malam hari, tetapi umumnya diadakan pada siang hari.
Pertunjukan akan berlangsung selama satu hari apabila pertunjukannya memerlukan waktu 2 jam per babaknya, dan pertunjukan ini terdiri dari 3 babak.
Bagi group yang untuk 1 babak memerlukan waktu 3 jam maka dalam sehari dia hanya akan main 2 babak.
Pada umumnya permainan ini berlangsung dari jam 09.00 sampai jam 17.00, termasuk waktu istirahat.
Jika pertunjukan berlangsung pada malam hari, maka pertunjukan akan dimulai pada jam 20.00 dan berakhir pada jam 01.00 dengan menggunakan lampu petromak.
Tempat pertunjukan berbentuk arena dengan lantai berupa lingkaran dan lurus.
Vokal hanya diucapkan oleh Pentul dan Bejer dalam bentuk dialog dan tembang, sedangkan instrumen yang dipakai adalah angklung 3 buah, bendhe 3 buah, kepyak setangkep dan sebuah kendang.
Peralatan musik ini diletakkan berdekatan dengan arena pertunjukan.
Jatilan Gaya Baru.
Dewasa ini ada kemajuan dalam kesenian tan Jatilan dengan munculnya Jatilan Gaya Baru di desa Jiapan, Tempel dan Sleman.
Instrumen yang dipakai adalah kendang, bendhe, gong, gender dan saron. Jadi jenis Jatilan ini sudah tidak memakai angklung lagi.
Yang menarik pada Jatilan ini adalah apabila pemain berada dalam keadaan trance dia bisa berbicara dalam bahasa Indonesia dan kalau diperbolehkan dia bisa menunjuk orang yang telah mengganggu pertunjukan, seandainya gangguan ini memang terjadi.
Sering pula dalam keadaan trance ini pemain meminta sebuah lagu dan ketika lagu itu dinyanyikan oleh pemain musik ataupun oleh Pentul dan Bejer, penari yang trance tersebut berjoged mengikuti irama lagu tersebut.
Dalarn keadaan trance mata si penari tidak selalu tertutup, ada juga penari yang matanya terbuka seperti dalam keadaan biasa.
Kuda lumping di sini tidak hanya 6 tetapi 10 buah.
Dua kuda pasangan terdepan berwarna putih, sedangkan yang 8 buah berwarna hitam.
Dua kuda pasangan yang ada di baris belakang adalah kuda kecil atau anak kuda (belo - Jawa).
Anak kuda ini dibentuk sedemikian rupa sehingga memberi kesan kekanak-kanakan.
Kepala kuda yang kecil memandang lurus ke depan, sedang kepala kuda yang lain tertunduk.
Perbedaan sikap kepala kuda lumping itu bukan hanya model atau variasi, tetapi memang digunakan untuk menunjukkan atau memberi kesan bahwa peran kuda tersebut berbeda dengan kuda-kuda yang lain dan gaya tarian orang yang menunggang anak kuda agak berlainan, yaitu harus lebih lincah dan leluasa dalam bergerak/bergaya, dan memberi kesan kekanak-kanakan.
Di samping itu masih banyak keunikan-keunikan yang menambah kemeriahan pertunjukan Jatilan Gaya Baru ini.
Minggu, 06 Maret 2011
WAYANG
Wayang
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Wayang iku pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umumé, kang wujud 2 dhimensi, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné iki ora pati akèh ditemoni. Manut ing kemajuane jaman, wus tinatah lan sinungging wayang kanthi ngginakaken media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthi media digital kasebat e-wayang.
dhalang lan wayangé ing Australia
e-wayang kang tinatah lan sinungging mawa media digital
Crita kang dilakonaké dijupuk saka épos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang ngéné iki diarani Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa.
Ing pagelaran iku wayang ditanjepké ing debog ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Ing tengah, critané digelar. Sedina sewengi lakon diwedhar.
Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi.
Sajarah
Para ahli durung ana kang bisa mesthèkaké kapan wayang wiwit ana ing Indonésia. Nanging yèn ndeleng prasasti lan tinggalan jaman kepungkur, wayang kira-kira wis ana sadurungé agama Hindu mlebu. Nalika kuwi lakon wayang durung nganggo crita-crita kang dijupuk seka India. Pagelaran iki dienggo srana nyembah marang roh leluhur.
Sawetara anggitan sastra jaman Mataram anyar akèh kang nulis perkara sajarah wayang. Nanging, para ahli sajarah ora sarujuk marang apa kang tinulis ing kono amarga ora cocok marang cathetan lan tinggalan sajarah kang wis ana.
Prasasti paling kuno ana ing abad kaping IV Masehi. Prasasti ngemot ukara mawayang kanggo pagelaran pahargyan sima utawa bumi perdhikan. Katrangan kang luwih trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masehi. Ing kono tinulis si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara. Artiné kira-kira: Si Galigi ndhalang kanggo Hyang kanthi lakon Bimma Sang Kumara."
Agama Hindu kang mlebu ing Nusantara gawé crita wayang béda karo asliné. Crita Ramayana lan Mahabharata wiwit dienggo kanggo dakwah agama. Ing panguwasaning Dharmawangsa Teguh (991-1016), akèh crita seka India kang mlebu lan digawé gagrag jawané. Wayang wiwit nyebar ing ngendi-ngendi nalika Majapahit nguwasani Nusantara.
Crita-crita kang asliné seka India iku pungkasané wis geseh karo mauné. Para pujangga Jawa gawé crita dhéwé kanggo mepaki apa kang wis ana. Ing Pedhalangan, crita-crita iki sinebut lakon carangan.
Jaman Islam mlebu, Walisanga uga nganggo wayang ing panyebarané. Ing jaman iki wiwit ana Wayang Menak. Gagrag-gagrag tambah akèh ngepasi Mataram anyar. Walanda kang digdaya gawé kraton Surakarta ngracik akèh crita wayang kanggo nglelipur ati.
Indonésia merdika uga nyumbang gagrag wayang kang manéka warna. Manéka warna wayang mau ana kang tetep digelar ana kang mung urip ing jamané dhéwé. Wayang kang paling akèh dienggo yaiku wayang kulit purwa.
Wayang Bali

ketoprak
Ketoprak
Posted: September 6, 2009 by triscbn in Budaya
Tag:Kesenian
2
Ketoprak kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa tengah, ananging ugo bisa tinemu ing Jawa sisih Wetan (Jawa Timur ).Ketoprak wis nyawiji dadi budaya masyarakat Jawa tengah lan biso ngasorake kesenian liyane ,umpamane Srandul, Emprak lan sakliyane. Ketoprak wiwit bebukane awujud dedolanan para priyo ing dusun kang lagi nganaake lelipur sinambi
nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari , kasebut Gejog. Ana ing tembe kaering tembang bebarengan ing kampung /dusun kanggo lelipur. Sak teruse ana tambahan gendang, terbang lan suling, mula wiwit saka iku kasebut Ketoprak Lesung, kira-kira kadadeyan ing tahun 1887. Sak banjure ana ing tahun 1909 wiwitan dianaake pagelaran Ketoprak kanthi paripurna/lengkap.
Pagelaran Ketoprak wiwitan kang resmi ing ngarsane masyaraket/umum, yokuwi Ketoprak Wreksotomo, dipandegani dening Ki Wisangkoro, sing mandegani kabeh para pria. Carita kang dipagelarake yoiku : Warso – Warsi, Kendono Gendini, Darmo – Darmi, dlan sapanunggalane.
Sak wise iku pagelaran Ketoprak sang soyo suwe dadi lan apike lan dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadeyan sak wise Pagelaran Ketoprak dadi pepak anggone carita lan ugo kaering gamelan . Anane gegayutan karo pagelaran “teater” para narapraja ,

3.Tuladha Serat Ulem Supitan
Supitan:
1. BAGUS WARSANA
2. BAGUS WARDAYA
Gresipun:
Jumuah Wage, 8 Desember 2006
Pukul 09.00 enjang
ing Dokter Supit Padmasuri
Jampiroso Temanggung
Parakan, 1 Desember 2006
Nuwun wiyosipun,
Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing syukuran supitipun anak kula jaler kekalih, mbenjang ing:
Dinten : Minggu Wage [malem Jumuah Legi]
Tanggal : 10 Desember 2006 [20 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 09.00 enjang
Papan : Gedung Mandiri Kecamatan Parakan, temanggung
Wasana awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula matur sanget nuwun.
Salam taklim,
Sela Darmaji Kekalih
4. layang Kitir Lelayu
Innalillahi wa inna ilaihi roji’un
Sampun tinimbalan sowan ing pangayunaning Pangeran kanthi tentrem ing RSUP Dr. Sardjito nalika dinten Ahad kliwon, 24 Desember 2006 (3 Besar alip 1939) pukul 11.50 siyang, Bapak/embah sutresna:
KI MANGKUSASMITA
(Yuswa 80 taun)
Layon badhe kasarekaken ing makam Sitisuci, bidhal saking griya sungkawa Jeruksari Gang Megatruh 50, dinten Senen Legi 25 Desember 2006 pukul 14.00
Ngayogyakarta, 24 Desember 2006
Ingkang duhkita
*Nyi Mangkusasmita (garwa)
*Brayat Mangkutana, SH. (putra)
*Brayat Mangkurati, SPd. (putra)
*Brayat Sumargana (raka)
*Brayat Parengkuan (rayi)

NGGEGULANG BUDI LUMANTAR BUSANA JAWI
6:31 PM
Email This BlogThis! Share to Twitter Share to Facebook Share to Google Buzz
Ngantos sepriki taksih kathah tiyang ingkang nganggep busana Jawi menika namung ngreribedi kemawon. Sinaosa pamanggih menika mila wonten leresipun, nanging saestu kirang prayogi menawi lajeng manut mekaten kemawon. Awit, samangke kasunyatanipun tetela nedahaken bilih budaya Jawi, mliginipun busana, menika saestu edi-endah. Kacihna, sinaosa mapan ing tengah kitha, masyarakat sami remen ngadani acara-acara mirunggan, tuladhanipun mitoni, tedhak-siten, supitan, palakrami, tingkeban, lan sapiturutipun, manut tatanan budaya Jawi. Ing acara menika lajeng sami ngagem busana Jawi. Ateges, busana Jawi menika saestu murugaken raos ingkang beda tumrapipun ingkang sami ngagem. Lan, tamtunipun inggih raos mongkog dhateng edi-endahing busana menika.
Kejawi endah, busana Jawi ugi dados srana kangge mucalaken pakarti ingkang becik. Tuladhanipun cetha, upaminipun, wonten awisan tumrapipun kawula nalika ngagem sinjang. Tegesipun, wonten sinjang/jarik mawi motif mligi ingkang namung kangge ratu lan sentana-Dalem. Sinaosa wujudipun awisan kanthi adhedhasar drajad lan pangkat ingkang beda, nanging estunipun menika babar-pisan boten kanthi ancas ngluhuraken ingkang mila sampun wonten ing nginggil lan ngasoraken ingkang wonten ing ngandhap. Kosokwangsulipun, tatanan awujud awisan menika malah ngenut watakipun pantun (pari), ingkang tansaya inggil malah tansaya luruh. Tumrapipun tiyang, tansaya inggil drajad lan pangkatipun, malah tansaya andhap-asor budinipun, nebihi watak sumongah kumalungkung. Kacihna, sinjang bathik Parang Barong ingkang namung mligi kangge ratu menika, motif bathikipun malah prasaja, namung pethak lan cemeng. Beda menawi katandhing kaliyan motif Tambalan ingkang malah kepetang ‘ruwet’ corekipun. Mekaten ugi motif Parang Rusak lan Parang klithik, langkung prasaja tinimbang motif Alas-alasan utawi motif sanes ingkang malah kaprah dipun-agem masyarakat umum.
Boten namung sinjang, busana kaprajuritan cara Jawi ugi nedahaken cihna bilih tansaya inggil drajad lan pangkatipun malah tansaya andhap-asor budinipun. Beskapipun prajurit ingkang apangkat senapati mesthi ketingal mompyor awit kathah rerengganipun ingkang awujud sulaman wenang kencana menapa dene manik-manik. Dene, ingkang apangkat adipati, rerengganipun busana malah langkung sekedhik, boten mompyor. Lan, busananipun ratu sampun boten mawi rerenggan mekaten menika.
Pokokipun, busana Jawi menika saestu kebak tuntunan, sinaosa sinandi, waton dipun-jingglengi kanthi premati. Wiwit saking iket, beskap, wangkingan, lan sinjang, sedaya nggembol pitedah dhateng ”mingising budi”. Blangkon/iket/udheng minangka pemut tumrapipun sinten kemawon supados tansah mbudidaya amrih mudheng dhateng samukawisipun prekawis. Beskap sikepan menika pitedah supados tansah siyaga ing dhiri saengga mrantasi samukawisipun pakaryan ingkang sinampiraken. Wangkingan utawi keris menika suka pitedah supados tansah asesangu bandha lan kawruh nalika mecaki marginipun ngagesang. Nanging, nuwun sewu, menika namung saking pamanggih-kula piyambak. Bokmenawi kenging kangge lantaran ajak-ajak. Nuwun.

Randhu Growong
Oleh ariefnovianto
0
Randhu Growong
Mudhun saka ojeg dheweke mlaku alon-alon nyedhaki wit randhu alas gedhe ing ping¬gir kali iku. Thingak-thinguk, ora ana katon wong kemliwer. Dheweke tidha-tidha. Apa bener papan iki ?. Yen sinebut papan kramat, kok ora katon anane cungkup, jirat makam, utawa pager mligi sing dadi tandha papan wingit. Pancen ana growongan amba ing poke wit, cukup dileboni wong loro. Ana tan¬dha tilas punthukan obongan menyan lan kembang setaman sing wis rada garing. Karo nunggu mbokmenawa ana wong liwat, sokur yen kuwi malah juru kunci¬ne, Ngadenan selonjor bantalan tas. Pa¬pane eyub lan adhem, ketambahan angin semilir, nyebar hawa ngantuk. Nrawang ngenam panguripane kepungkur, nalika dheweke isih dadi “wong”. Tegese isih duwe pametu ajeg, isih kajen lan urip cukup mapan.
Dadi perangkat desa sing cukup ketengen, isih duwe sawah sing bisa disewakake marang pabrik tebu. Sisihane uga bukak dhasaran ing Pasar Ngablak. Ing desane Tanjungmaja bae, jeneng Ngadenan cukup dikenal. Merga blereng kepilut barang lan dhuwit, lali ma¬rang ajaran kapercayan sing diem¬ban. Ngadenan nylewengake bantuwan be¬ras miskin (raskin). Tumpuk-tumpuk nganti atusan yuta. Nalika dianakake pa¬meriksaan, dheweke kabukten wis ngge¬lap¬ake dhuwit bantuan desa lan beras raskin. Kepeksa ditebus ing pakunjaran. Senajan barang-barang sing disleweng¬ake mau wis diganti sarana ngedol sa¬wah lan sebagiyan pekarangane. Isih nan¬dhang kapitunan gedhe, dilereni aliyas dipecat saka kalungguhane. Metu saka pakunjaran ora duwe gaweyan. Ke-pengin mlayu menyang Jakarta, nyam¬but gawe saentuke. Nanging sisihane ora nglilani. Pawadane anake isih cilik-cilik. Ngadenan kepeksa nurut. Kanggo nga¬wekani kebutuhan urip, sakliyane sisiha¬ne isih dodolan ing pasar, Ngadenan me¬lu buruh mblantik kewan sapi, kebo, uta-wa wedhus saben dina pasaran.
“Mas…wungu mas. Kok sareyan teng ngriku, nggene kotor,” wong lanang se¬te¬ngah tuwa gugah-gugah.
“Ooooh… matur nuwun pak. Papane silir ndadoske ngantuk. Nyuwun pirsa napa niki wit randhu growong papane mendhet pesugihan?”.
Paraga setengah tuwa sing kaceluk mbah Narto kuwi ora semaur, mung nya¬wang Ngadenan kanthi tajem. “Nggih… leres niki randhu growong. Yen disebut nggene pesugihan, niku kula mboten sa¬ged matur cetha. Sebab yen sing nyuwun niku tiyang sekitar ngriki, mesthi mboten kasil. Yen tiyang seking kitha tebih… ra¬cake malah kasil. Napa empun manteb saestu menggah mengke pituwase. Awrat lho mas perjanjen kalih bangsane siluman niku. Sampeyan usaha sing wa¬jar mawon. Sanajan katone rekasa na¬nging murakabi.”.
Akeh-akeh kojahe mbah Narto Kam¬di, pawongan kang melu ngreksa pun¬dhen randhu growong kuwi. Nanging Nga¬denan puguh lan kenceng tekade. Wusana dheweke diterake “kula-nuwun” marang dhanyang-e randhu growong. Njaluk pitulungan supaya bisa dadi sugih mbrewu. Kanthi manteb wengi kuwi Nga¬denan tuguran ijen ing ngarep wit ran¬dhu growong. Ing wanci tengah wengi, angin tumiyup santer. Rembulan tanggal enom ketutupan mega. Swa¬sana kekes tintrim. Tanpa sangkan pa¬ran, wis ndhekem ing ngarepe Ngadenan sing sila ngedhepes asu ireng mulus sak¬pedhet gedhene, melet-melet lan mbe¬kos nggereng. Dheweke kaget, nanging nuhoni welinge mbah Narto, dheweke mung meneng ora reaksi. Ora suwe blegere asu ireng kuwi ilang musna tanpa lari.
“Niku ateges panyuwunan sampeyan dikabulake kalih danyange. Mung pitu¬wase paling telat sewulan ngepasi tang¬gale Jawa dalu niki, sampeyan kedah atur kurban. Wujude bekakak asu ireng mulus. Dene janji sampeyan mangke ngampil arta bank gaib niku badhe pin¬ten taun, sumangga. Ning ampun kesu¬pen… saben taun wanci tanggal Jawa pendhake dalu niki. Sampeyan kudu teka ngriki, atur “anakane” utang niku. Nyu¬wun jangkane utang sing tebih sisan, dadi cucuk ang¬gene ngrasakake”.
Piwelinge mbah Narto tha¬rik-tharik. Ngadenan man¬thuk-manthuk kalegan. Bakal keturutan sedyane dadi wong sugih sing kajen ing desa lan kuthane. Sada¬waning dalan bali menyang Kudus, mesam-mesem dhe¬we kaya wong kena sawan. Tekan ngomah, apa sing wis dilakoni dicritakake ma¬rang sisihane. Senajan mau¬ne kurang sarujuk mer¬ga wedi bebendune, bareng diterangake wijang kepeksa nurut apa sedyane sing la¬nang.
Sepasar anggone muter golek asu ireng mulus lagi bi¬sa ketemu. Pawadan kang¬go sarana ruwatan seng¬kala. Sing nduwe asu nglilani dituku, kanthi rega cukup dhuwur. Nanging mer¬ga syarat sarana saka dha¬nyange randhu growong ku¬du kuwi senajan dirasa pan¬cen abot, tetep ditindakake. Bekakak asu ireng wis didum rata ma¬rang tangga teparo. Nanging ora walaka jinising daging panggang kuwi. Nga¬wekani supaya ora mancing masalah aib ing lingkungan daging bekakak asu mau diakoni daging wedhus.
Saploke ritual bekakak asu ireng mulus kuwi, panguripane Ngadenan saya nanjak. Prasasat apa sing dicekel gawe mesthi nekakake dhuwit. Ngadenan bisa tuku kios gedhe ing Pasar Bareng, pasare luwih gedhe tinimbang Pasar Ngablak Tanjungmaja. Dagangane sing wadon saya pepak lan komplit. Ora suwe kios sebelah kanan keringe uga dituku. Su¬warni, sisihane Ngadenan wis kondhang dadi juragan ing pasar. Ngadenan dhewe wiwit dol tinuku sepedha onthel, mung¬gah dol tinuku sepedha motor, saiki mun¬dhak dadi jual beli mobil, lan rental mo¬bil. Ing wektu rong taun urip lan pang¬uripane wis malik grembyang. Dheweke wis mlebu kalangane pebisnis. Saiki dadi pengepul sapi potong. Seminggu kaping pindho kirim patang trek sapi potong menyang Jakarta.
“Mbah… niki mpun ngancik taun ka¬ping tiga. Wancine kula mangsulake utang kula riyin teng randhu growong ngriki.artane mpun kula cepakke teng mobil. Nyuwun diujubake nggih mbah?”, tembunge Ngadenan marang mbah Narto.
Mbah Narto mung manthuk karo me¬sem. Ing batine wis nduga yen Ngadenan bakal memperpanjang kontrake marang bank gaib randhu growong. Ngadenan sing teka telung taun kepungkur isih klu¬wus mundhak taun teka mrono, kahana¬ne tambah moncer.
“Sampeyan riyin ngampil pinten mas?. Saben taun sampeyan mpun mbalekake anak¬ane, mesthine niki mangsulke “mbok¬e” ngoten?”.
Ngadenan mbisiki total silihane telung taun kepungkur. Dhuwit ing njero tas koper kuwi dietung bebarengan. Ing kono tuwuh keanehan. Dhuwit sing isih lak-lak¬an saka bank, sing saka omah wis di¬e¬tung ganep, nyatane bareng arep dibalekake setor menyang bank randhu growong kurang saka etungan nyata. Mbah Narto mung mesem nggleges. Sakbanjure mung aweh saran marang Ngadenan, supaya ngadhep maneh marang dhanyange. Panggraitane juru kunci kuwi pancen numusi. Sapa paraga sing “perjanjen” ka¬ro pundhen randhu gro¬wong kuwi mesthi ngalami nasib lan kahanan, kaya sing dialami dening Ngade¬nan. Dikaya ngapa bae se¬tan prayangan mesthi ora gelem rugi, tansah ngupaya sing kawogan saya terikat kuat.
Ritual bekaka asu ireng mulus tansah ditindakake ing saben taun, senajan sa¬rana sesidheman. Kasugih¬a¬ne Ngadenan saya ngam¬bra-ambra, malah wis mbu¬kak bank perkreditan rakyat (BPR). Sejatine mung usaha sinandi anggone ngubeng¬ake dhuwit panas. Api-api nulung nganging sakbenere menthung. Wis akeh sing dadi kurban tanpa disadhari.
Rong taun saka wektu perpanjangan perjanjen karo randhu growong, Nga¬denan teka maneh nyetor¬ake dhuwit “silihan” komplit karo jumlah anakane. Dhuwit wis dietung bola-bali kanthi cara manual lan mesin. Ora ana sing kecicir. Dheweke ora kepengin pras¬ta¬wa rong taun kepungkur kelakon ma¬neh. Mantep dheweke kepengin mung¬kasi sesambungan karo “bank gaib” ran¬dhu growong. Mudhun saka BMW dhe¬weke nyangking tas koper tumuju omahe mbah Narto, njaluk diujubake maneh marang dhanyang randhu growong. Wan¬cine wis surup surya. Sintru ing ngi¬sor randhu growong, swasanane tintrim se¬najan durung tekan petenge wengi. Dite¬rangi nganggo teplok, bebarengan dietung cacahing dhuwit “setoran”. Na¬nging aneh. Cacahing dhuwit kurang saka total jumlah setoran. Ngadenan dadi jengkel, muntab nesune rumangsa diapusi. Nanging arep ngarani sapa? Wu¬wuse lekoh, nguman-uman dhanyang¬e randhu growong. Pangerih-erihe mbah Narto wis ora dipaelu. Sebageyan dhuwit sing isih ana ing njeron tas koper disun¬tak. Ditendhang mawut awur-awur. Aneh¬e … kaya ana angin tumiyup nye¬dhot aburing dhuwit sing mawut kuwi, kepuntel mlebu ing saknjeroning grow¬ongan wit randhu alas.
Ngadenan sing isih getem-getem, ning¬galake tlatah Wedi nrabas dalan si¬dhatan tekan Prambanan. Saka Pramba¬nan arep nerusake laku menyang Yogya. Sakdalan-dalan nyetir dhewekan kaya wong edan, ngomel lan misuh. Sing dadi saraning pisuhan lan undamana mung dhanyange randhu growong Mutian. Ngliwati laladan candhi langite peteng mendhung ngendanu. Angin kemrosak kaya lakune lampor. Banter lan nggegi¬risi. Petungan mangsa pancen ora bisa di¬u¬gemi. Gumuruhe angin, kuwawa ngrung¬katake wit mahoni tuwa ing ping¬gir marga. Sumiyut gumebrug nibani lan ngebruki BMWne Ngadenan. Ringseg tanpa puliha ketaman prahara sing ngge¬girisi. Nanging anehe Ngadenan isih bisa metu, lan slamet saka cintraka. Gliyeran cekelan lawang mobil, panone semrepet. Kaya ana renggunuke asu ireng mulus sak-pedhet nggereng ndhekem. Sikile tha¬kur-thakur, mbaung sora lan nggero nubruk anggane Ngadenan.
Purnaning prahara dalan dadi macet, merga ambruking wit mahoni. Nindhihi BMW lan jasade Ngadenan sing gilang-gilang. Pitulungan saka masyarakat, eng¬gal ngentasake jasade Ngadenan dikirim menyang kamar mayat RSUP Dr. Sarjito Yogya. Ing pamulasaran RSUP, katitiprik¬sa yen patine Ngadenan ora saka sebab ka¬cilakan. Nanging tatu-tatu ajur ing jan¬tung lan atine, klebu organ dalam liyane. Kaya tatu-tatu dikerah cakaran landhep, bolong ing dhadhane, kanggo dalan nye¬dhot getih ing jantunge. Jasad sing mati rusak nrenyuhake, mripat mendelik ora bisa dieremake, ilat melet kaya nan¬dhang wedi lan kelaran. Ing pandeleng mistis, Ngadenan mati dikereg dening “utusane” dhanyange randhu growong Mutian.
Pethi mati isi jisime Ngadenan sing dilebokake luweng kubur mlethek kayune kaya sigar ngumbar ganda banger ndu¬leg irung. Bola-bali diurug, jirat kubur kuwi mesthi ambles. Kepara ing saben wengi, miturut katrangane wong sakiwa tengene kuburan kuwi, tansah keprungu pembaunge asu sing memelas. Apa swa¬ra pambaunge asu ireng mulus saka pun¬dhen randhu growong?.

PACELATON
Cobi pacelathon katindakna kanthi sae (iramanipun), leres (pocapan/lafalipun).
Bapak : “Saka tindak endi Bu ?
Ibu : “Blanja Pak, saka warung, wah ….. wah jan tenan”
Bapak : “Lho, lha kepriye Bu, kok sajak ora karenan panggalihe”
Ibu : “Lha kepriye to Pak, reregan barang saiki mundhak kabeh, ora mung sembako, nanging barang kebutuhan saben dinane ora gelem kalah, kabeh padha nututi mundhak”
Bapak : “Ya sabar Bu, ora mung awake dhewe sing ngrasakake, nanging kabeh rakyat Indonesia, yo idhep-idhep ajar gemi lan setiti, rak becik ta Bu”
Ibu : “Bocah-bocah perlu diajak rembugan Pak, supaya bias ngirit lan tansah petung ing sakabehing kebutuhan, sukur yen padha ajar mandhiri supaya melu ngenthengake karepotane wong tuwa”
Bapak : “Lho Widada rak yow is ajar golek dhuwit, nampa terjemahan bahasa Inggris malah saiki gladhen dadi pranata cara. Yen ana asile bias kanggo nyukupi butuhe dhewe, bias mbiyantu wong tuwa”
Ibu : “Pancen bocah saiki kudu bias nampa kanyatan, narima ing pandum lan gladhen urip prasaja aja lali Manawa awake dhewe uga kudu bias dadi tuladha sing becik kanggo panguripane anak”
Bapak : “Lha kae Widada lan Widati wis teka, coba ditimbali mrene”
Ibu : “Ya Pak, coba dak undange mrene”
(Ora let suwe Widada lan Widati wis lungguh ing sangarepe bapak lan ibune)
Widada : “Wonten dhawuh menapa Pak ?”

Lampahipun Nyi Roro Kidul ing Kabudayan Jawi
Oleh ariefnovianto
0
Dening Arswendo Atmowiloto

KAGEM sutresna basa tuwin sastra Jawi, keparenga kawula sumela atur sawetawis. Nyuwun gunging samodra pangaksami menawi wonten atur kawula ingkang mboten mranani penggalih utawi natoni manah panjenengan sedaya.
Sejatosipun sastra Jawi sampun lengser duk nalika aksara Jawi mboten dipun-ginaaken malih, lan kasalin aksara Latin. Ing ngriku, dados wonten ingkang ewah, ingkang ical. Kadosta ungelipun ”o”, ”-a”, ”a”, dados kisruh. Luntur ugi, filosofi ingkang ngrengku aksara kalawau. Mboten wonten pangku ingkang mateni.
Nalika samanten tasih wonten pangajeng-ajeng bilih sastra Jawi mawi aksara Latin bakal ngrembaka. Lumintu saking lan dening majalah, buku, tuwin sesrawungan utawi piwulang ing sekolahan. Nanging saya dangu kahananipun inggih saya nglangut kadidene ”susuhing angin”, kadidene ”dog amun-amun”. Katon wonten ing panyawang, nanging ilang sak nalika dipun cedhaki.
Manawi sakpunika tasih sutresna ingkang prihatos, ingkang nandhang luh cintraka, inggih punika priyantun ingkang ngugemi saestu datang sastra Jawi, inggih punika priyantun ingkang linuwih ing kasetyan. Pejah gesang ndherek sastra Jawi. Kawula ngaturaken sungkem, ngurmati panjenengan ingkang linangkung ing zaman. Kedah wonten ingkang makaten.
Panci mrihatosaken, nanging sejatosipun ”Kabudayan Jawi” mboten namung wonten ing basa, ing aksara, ing pocapan kemawon. ”Kabudayan Jawi” langkung ageng, langkung wiyar tebanipun, langkung sekti mandraguna, langkung ajur-ajer tinimbang kaliyan basa utawi sastra, utawi keris, utawi keris, utawi blangkon tuwin selop, utawi gebyog, utawi kembang setaman. Sedaya kalawau punika namung woh, ron, utawi kembang. Ingkang saged ngrembaka ing sajroning zaman kelakone. Ingkang dados wos, ingkang ndadosaken sedaya ron, woh tuwin kembang punika inggih punika oyod kabudayan Jawi. Inggih punika ingkang katelah Kejawen, dening mbah buyut. Sejatosipun kejawen punika ingkang dados suksma sejati. Suksma ingkang bade ngrembaka, tuwuh lan tuwuh malih, najan to ketinggalipun malih rupa.
”Manuk Gusti”
Keparenga kawula ngunggak kabudayan sanes, ingkang dipun tengeri Kabudayan Semit. Punika budaya ingkang dipun agem bangsa-bangsa Semit wonten Timur Tengah. Sareng kaliyan wolak-waliking jaman sarta kasrambahan budaya sanes, budaya Semit katelah budaya Yahudi, lan salajengipun budaya Kristen, kalayan Islam. Kapitadosan —antawisipun— dhateng Gusti Panguwasa Jagat ikang dipun wastani YHWH (amargi mboten kepareng dipun sebat, najan wonten ingkang nyebat Yahweh)— ingkang satunggal, dados kapitadosan meh sedaya umat ing donya. Kita nampi agami, nabi, Gusti, kitabipun, lumantar budaya Semit kala wau, ingkang mathok paugeran agami pinangka syarat-syaratipun.
Ing babagan punika, budaya Jawi gadhah paradigma ingkang benten, inggih punika ingkang kasebat ”Manuk Gusti”, utawi ”Manunggaling Kawula Gusti”. Punika konsep, filosofis, jejer, ingkang saestu benten —najan to mboten kedah dredrah lan mungsuhan. Benten, nanging mboten sulaya. Sedaya kala wau sampun dados sesanggeman, dados jejer ingkang ajur ajer, nalika srawung kaliyan agami utawi budaya Hindu, Buddha, utawi sanes-sanesipun, wiwit jaman ja-mbejuja ngantos dinten punika.
Kawula nginten bilih konsep agung ”Manuk Gusti”, wewujudan Kedjawen ingkang jenius, ingkang kampiun, ingkang ”mbrojol sela-selaning garu”, ingkang waskita, ingkang saged nggathukaken bab-bab ingkang suci, sakral, kalian kahanan urip saben dina. Kula kinten, dereng nate mireng, panyandra Gusti Kang Murbeng Jagad tuwin umat kadosdene , ”curiga manjing warangka”, ingkang sumanak, enak, ruwin ngangeni.
Jumat Kliwon
Suksma sejati saking Kejawen punika sampun wiwit kina-makina, mawujud rikala paraga Panakawan melebet ing pawayangan. Saknalika, wayang —kathah ingkang mastani saking India— dados benten. Panakawan —saged Semar, Gareng, Petruk, Bagong, utawi Togog, Mbilung utawi katambahan Limbuk, Cangik— ndadosaken rakyat pidak pedarakan dados mulya. Ngungkuli para dewa-dewa ing Kahyangan Jonggring Saloka. Malah kepara lakung gecul, amargi dewaning-dewa Hindu, kenger dening —nuwun sewu—entutipun (ana jenenge ora ana rupane) Semar (ora lanang ora wadon).
Punika sanggit ingkang linangkung agung. Ingkang tasih ”tumimbal lair” rikala Kanjeng Sultan Agung Hanyokrokusuma ”ngrabekaken” petangan kalender Hindu, Jawi, Islam dados setunggal ing tanggal 1 Sura. Pananggalan sakdonya remek ical dening petungan pananggalan Masehi, nanging etungan pasaran Pon, (Wage, Kliwon, Paing,Legi) tasih sanget dipun ginaaken. Malah kepara pinunjul, amargi saged mbedakaken wigatinipun dinten Jumat setunggal kaliyan sanesipun.
Punika saestu sanggit ingkang nggegirisi, jer petungan Jawi tasih kasebat, saged urip bebarengan kalian pananggalan Masehi utawi petungan sanesipun.
Panginten kawula, sanggit ingkang sami maujud mbotenipun selop —sepatu Walanda ingkang iris wingkingipun, gampil dicopot kangge mlebet Keraton, surjan— jas ingkang krowok kangge ngetingalen keris, lan sapanunggalipun.
Nyi Roro Kidul
Manawi yektos makaten, punapa sejatinipun suksma sejati Kejawen punika?
Benten kaliyan pamanggih manca ingkang sarwa pratitis damel definisi, Kejawen mboten saged dipun watesi, mboten saged kinunjara: o, kuwi ngene, ora ngono. Amargi Kejawen punika suksma, ingkah tasih gesang. Ingkang tansah tumimbal lair, ingkang nitis lan nitis malih, ingkang tansah maujud malih lan malih lan malih. Ing pocapan, inggih punika ingkang kawastanan ”ngono, ning ya aja ngono”.
Wonten conto ingkang nglegena. Upaminipun wonten —utawi mboten wontenipun,— Nyi Roro Kidul, punapa kemawon sebabatanipun. Meh sedaya tlatah ing pinggir seganten, wonten mithos lan cariyos Nyi Roro Kidul. Nanging rumaos kawula, namung cariyos Nyi Roro Kidul ing Jawi ingkang luhur wiwit mula buka.
Sawijining putri ingkang nedya lestantun, ngrewangi para raja kangge kamakmuran bangsa, malih rupi dados ”lelembut”, dados ”paraga lembut”. Amargi namung punika margi supados lestantun, salami-lamipun, sareng umuring jagad.
Punapa Nyi Roro Kidul, yektos wonten? Utawi namung carios ngayawara?
Sedaya kalawau mboten wigatos malih, mboten kedah wonten wangsulan ingkang baku, utawi namung setunggal.
Semanten ugi kejawen. Wonten utawi mboten wonten sastra utawi basa Jawi, keris, blangkon, selop, kembang setaman, macapatan, mboten wigatos malih. Sauger tasih wonten manungsa ingkang kempal sareng, ngrembag, nguri-uri, ngembakaken, tasih wonten ingkang saged nyawang wontenipun ”dog amun-amun”. Saged ngraosaken wonten ”susuhing angin”, saged ngraita ”sangkan paraning dumadi”, saged ”keplok tangan kiwa”, saged ngudarasa kaliyan sesami. Nuwun.

ILIR-ILIR JAMAN REVOLUSI LAN REFORMASI
Nalika tahun 1965 akeh wong sing padha ngadegake partai politik. Saben wektu (esuk, awan, sore, bengi) padha nganakake kampanye. Yen wayah bengi anggone kampanye kanthi cara gawe panggung kanggo pentas seni budaya. Acarane sarwa komplit, wiwit hiburan kanggo bocah nganti wong tuwa. Yen bocah bisa kanthi pentas tari lan lagu (tembang), umpamane Cublak-cublak suweng, Tukung-tukung, Jaranan, Ilir-ilir lsp.
Ana sing kandha yen Ilir-ilir iku anggitane Sunan Kalijaga, nanging ana sing kandha ora dimangerteni pengarange, kabeh panemu sumangga, sing baku llir-ilir kondhang lan disenengi masyarakat.
Coba gatekna tembang llir-ilir lan maknane ing jaman revolusi iki.
ILIR-ILIR
Lir-ilir tandure wis sumilir
Tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar
Bocah angon, penekna blimbing kuwi
Lunyu-lunyu peneken kanggo masuh dodotira,
Dodotira, kumitir bedhah ing pinggir,
Domana jlumantana kanggo seba mengko sore,
Mumpung gedhe rembulane, mumpung jembar kalangane,
Dha suraka, surak hore
Maknane kurang luwih mangkene :
Para kawula/para mudha, pelajar wis wani berjuang (sumilir)
Senajan lagi sithik ngelmune (ijo) bab pamrentahan lan politik lanang lan wadon (kaya temanten) padha wani berjuang.
Para kawula/rakyat (cah angon) padha belanana Negara Pancasila (blimbing sing lingirane ana lima) minangka sandhangane (dodot).
Senajan abot lan angel (lunyu) kudu bisa sebab kanggo resiking/pulihing Negara RI.
Jaman iku Pancasila (dodot = sandhangan bangsa Indonesia) arep diothak-athik, njalari tumpang suh, kisruh saengga tuwuh salah paham antarane partai siji lan sijine, klompok siji lan sijine (kumitir bedhah ing pinggir).
Nanging partai lan klompok sing beda panemu kudu dirangkul (didadekake siji) kanggo nerusake gegayuhane bangsa Indonesia. Mumpung ana wektu sing becik lan ana sing mitulungi (ekonomine bangsa Indonesia) yaiku Negara kulonan (Negara Barat).
Wiwit biyen nganti jaman saiki pancen tembang Ilir-ilir disenengi lan tansah ditembangake wong Jawa, umpamane ing pagelaran wayang, kethoprak, malah saiki kanggo ing campursari, macapatan, samroh uga kairing wujude iringan sing maneka warna (kolaborasi), ana sing karawitan lan dangdut, band lan samroh lsp.
Nalika tahun 1999 (wiwitane reformasi) Ilir-ilir ditembangake ing HUT RI ka-54 ing tlatah Sala, malah musik Kyai Kanjeng pimpinane Emha Ainun Najib (Cak Nun) uga nembangake.
Ana sing negesi tembang Ilir-ilir ing jaman reformasi iku mangkene :
Wektu iki akeh tuwuh (muncul) partai anyar kaya jaman biyen.
Partai anyar padha kepingin dadi pemimpin (raja) kaya dene raja sehari (temanten anyar). Pemuda sing asale saka desa (bebasan cah angon) padha berjuang nggayuh pepinginane dadi pemimpin.
Ora ketang abot sanggane kabeh kepingin kasembadan gegayuhane, kanggo ngresiki jeneng lan mbalekake ajining dhiri lan kawibawane (mbasuh dodotira).
Pamarintah kaya wis kelangan kapercayan saka wargane saengga rakyat mung bisa nyalahake marang aparat.
Sanajan mangkono kahanane, pamarintah/aparat Negara kudu bisa ngrangkul rakyat (wong cilik) kanggo mbangun Negara sing duwe gegayuhan luhur (ing Pacasila). Mumung ana partai /klompok sing gedhe (gelem gabung) lan antuk pitulungan Negara manca (jembar kalangane) ayo padha duwe semangat kanggo berjuang.
(Bayu Giri, Jaya Baya 16, Desember 2005, mawa besutan

Bapak saha Ibu Joko Surasa
Jln. Aip Mungkar Parakan
Temanggung.
Sembah sungkem,
Kanthi lumantaring serat punik, kula ngaturi uninga bilih kawontenan kula ing Semarang tansah ginajar wilujeng nir ing sambikala. Menggah panyuwun kula dhumateng gusti Allah SWT, mugi - mugi kawontenanipun Bapak sah Ibu ugi mekaten. amin. (3)
Kajawi punika ingkang sepisan ingkang putra ngaturi priksa bilih kintunannipun arta sampun kula tampi rikal dinten minggu kapengkur. Arta punika sampun kula ginakaken kangge prabeya sekolah. Tirahanipun kangge nyekapi kabetahan wonten kos. Ingkang kaping kalih, kula ngaturi priksa bilih sekedhap malih badhe tes semesteran. Pramila kula nyuwun tambahing berkah pangestu mugi - mugi kula saged nglampahi tes semesteran punika kanthi biji ingkang sae, amin.
Ing wusana cekap semanten rumiyen serat kula, sanes wekdal dipun sambet malih. menawi wonten kirang trapsilaning atur dhumateng Bapak saha Ibu, kula nyuwun lumunturing samudra pangaksami.
Semarang, 26 Nopember 2008
Saking ingkang putra
Hadi Prawira

Sabtu, 19 Februari 2011
ketoprak
2

nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari , kasebut Gejog. Ana ing tembe kaering tembang bebarengan ing kampung /dusun kanggo lelipur. Sak teruse ana tambahan gendang, terbang lan suling, mula wiwit saka iku kasebut Ketoprak Lesung, kira-kira kadadeyan ing tahun 1887. Sak banjure ana ing tahun 1909 wiwitan dianaake pagelaran Ketoprak kanthi paripurna/lengkap.
Pagelaran Ketoprak wiwitan kang resmi ing ngarsane masyaraket/umum, yokuwi Ketoprak Wreksotomo, dipandegani dening Ki Wisangkoro, sing mandegani kabeh para pria. Carita kang dipagelarake yoiku : Warso – Warsi, Kendono Gendini, Darmo – Darmi, dlan sapanunggalane.
Sak wise iku pagelaran Ketoprak sang soyo suwe dadi lan apike lan dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadeyan sak wise Pagelaran Ketoprak dadi pepak anggone carita lan ugo kaering gamelan . Anane gegayutan karo pagelaran “teater” para narapraja ,
Jumat, 18 Februari 2011
jatilan
(jatilan tri turonggo mudo)
Jatilan adalah salah satu jenis tarian rakyat yang bila ditelusur latar belakang sejarahnya termasuk tarian yang paling tua di Jawa.
Tari yang selalu dilengkapi dengan property berupa kuda kepang ini lazimnya dipertunjukkan sampai klimaksnya, yaitu keadaan tidak sadar diri pada salah seorang penarinya.
Penari jatilan dahulu hanya berjumlah 2 orang tetapi sekarang bisa dilakukan oleh lebih banyak orang lagi dalam formasi yang berpasangan. Tarian jatilan menggambarkan peperangan dengan naik kuda dan bersenjatakan pedang.
Selain penari berkuda, ada juga penari yang tidak berkuda tetapi memakai topeng.
Di antaranya adalah penthul, bejer, cepet, gendruwo dan barongan.
Reog dan jatilan ini fungsinya hanya sebagai tontonan/hiburan, ini agak berbeda dengan fungsi reog pada zaman dahulu yang selain untuk tontonan juga berfungsi sebagai pengawal yang memeriahkan iring-iringan temanten atau anak yang dikhitan serta untuk kepentingan pelepas nadzar atau midhang kepasar.
Perbedaan antara Jatilan dan Reog antara lain adalah pertama, dalam permainan Jatilan penari kadang-kadang bisa rnencapai trance, sedangkan pada Reog penari tidak bisa mengalami hal ini.
Kedua, pada Jatilan selama permainan berlangsung digunakan tempat / arena yang tetap.
Pada Reog selain permainannya tidak menggunakan arena atau tempat yang tetap, juga sering diadakan untuk mengiringi suatu perjalanan ataupun upacara.
Mengenai kapan dan dimana lahirnya dua jenis kesenian ini orang tidak tahu. Para pemain Jatilan dan Reog hanya mewarisi kesenian tersebut dari nenek moyang mereka.
Orang-orang umumnya menyatakan bahwa Jatilan dan Reog sudah ada sejak dulu kala.
Pendukung permainan ini tidak tentu jumlahnya tergantung pada banyak sedikitnya anggota.
Meskipun demikian biasanya pendukung tersebut sekitar 35 orang dan terdiri dari laki-laki dengan perincian: penari 20 orang; penabuh instrumen 10 orang; 4 orang penjaga keamanan/ pembantu umum untuk kalau ada pemain yang mengalami trance; dan 1 orang sebagai koordinator pertunjukan (pawang).
Para penari menggunakan property pedang yang dibuat dari bambu dan menunggang kuda lumping.
Di antara para penari ada yang memakai topeng hitam dan putih, bernama Bancak (Penthul) untuk yang putih, dan Doyok (Bejer/Tembem) untuk yang hitam.
Kedua tokoh ini berfungsi sebagai pelawak, penari dan penyanyi untuk menghibur prajurit berkuda yang sedang beristirahat sesudah perang-perangan.
Ketika menari para pemain mengenakan kostum dan tata rias muka yang realistis.
Ada juga group yang kostumnya non-realistis terutama pada tutup kepala; karena group ini memakai irah-irahan wayang orang.
Pada kostum yang realistis, tutup kepala berupa blangkon atau iket (udeng) dan para pemain berkacamata gelap, umumnya hitam.
Selama itu ada juga baju/kaos rompi, celana panji, kain, dan stagen dengan timangnya.
Puncak tarian Jatilan ini kadang-kadang diikuti dengan keadaan mencapai trance (tak sadarkan diri tetapi tetap menari) pada para pemainnya.
Sebelum pertunjukan Jatilan dimulai biasanya ada pra-tontonan berupa tetabuhan dan kadang-kadang berupa dagelan/ lawakan.
Kini keduanya sudah jarang sekali ditemui.
Pertunjukan ini bisa dilakukan pada malam hari, tetapi umumnya diadakan pada siang hari.
Pertunjukan akan berlangsung selama satu hari apabila pertunjukannya memerlukan waktu 2 jam per babaknya, dan pertunjukan ini terdiri dari 3 babak.
Bagi group yang untuk 1 babak memerlukan waktu 3 jam maka dalam sehari dia hanya akan main 2 babak.
Pada umumnya permainan ini berlangsung dari jam 09.00 sampai jam 17.00, termasuk waktu istirahat.
Jika pertunjukan berlangsung pada malam hari, maka pertunjukan akan dimulai pada jam 20.00 dan berakhir pada jam 01.00 dengan menggunakan lampu petromak.
Tempat pertunjukan berbentuk arena dengan lantai berupa lingkaran dan lurus.
Vokal hanya diucapkan oleh Pentul dan Bejer dalam bentuk dialog dan tembang, sedangkan instrumen yang dipakai adalah angklung 3 buah, bendhe 3 buah, kepyak setangkep dan sebuah kendang.
Peralatan musik ini diletakkan berdekatan dengan arena pertunjukan.
Jatilan Gaya Baru.
Dewasa ini ada kemajuan dalam kesenian tan Jatilan dengan munculnya Jatilan Gaya Baru di desa Jiapan, Tempel dan Sleman.
Instrumen yang dipakai adalah kendang, bendhe, gong, gender dan saron. Jadi jenis Jatilan ini sudah tidak memakai angklung lagi.
Yang menarik pada Jatilan ini adalah apabila pemain berada dalam keadaan trance dia bisa berbicara dalam bahasa Indonesia dan kalau diperbolehkan dia bisa menunjuk orang yang telah mengganggu pertunjukan, seandainya gangguan ini memang terjadi.
Sering pula dalam keadaan trance ini pemain meminta sebuah lagu dan ketika lagu itu dinyanyikan oleh pemain musik ataupun oleh Pentul dan Bejer, penari yang trance tersebut berjoged mengikuti irama lagu tersebut.
Dalarn keadaan trance mata si penari tidak selalu tertutup, ada juga penari yang matanya terbuka seperti dalam keadaan biasa.
Kuda lumping di sini tidak hanya 6 tetapi 10 buah.
Dua kuda pasangan terdepan berwarna putih, sedangkan yang 8 buah berwarna hitam.
Dua kuda pasangan yang ada di baris belakang adalah kuda kecil atau anak kuda (belo - Jawa).
Anak kuda ini dibentuk sedemikian rupa sehingga memberi kesan kekanak-kanakan.
Kepala kuda yang kecil memandang lurus ke depan, sedang kepala kuda yang lain tertunduk.
Perbedaan sikap kepala kuda lumping itu bukan hanya model atau variasi, tetapi memang digunakan untuk menunjukkan atau memberi kesan bahwa peran kuda tersebut berbeda dengan kuda-kuda yang lain dan gaya tarian orang yang menunggang anak kuda agak berlainan, yaitu harus lebih lincah dan leluasa dalam bergerak/bergaya, dan memberi kesan kekanak-kanakan.
Di samping itu masih banyak keunikan-keunikan yang menambah kemeriahan pertunjukan Jatilan Gaya Baru ini.
WAYANG
Wayang
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Wayang iku pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umumé, kang wujud 2 dhimensi, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné iki ora pati akèh ditemoni. Manut ing kemajuane jaman, wus tinatah lan sinungging wayang kanthi ngginakaken media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthi media digital kasebat e-wayang.Crita kang dilakonaké dijupuk saka épos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang ngéné iki diarani Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa.
Ing pagelaran iku wayang ditanjepké ing debog ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Ing tengah, critané digelar. Sedina sewengi lakon diwedhar.
Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi.Sajarah
Para ahli durung ana kang bisa mesthèkaké kapan wayang wiwit ana ing Indonésia. Nanging yèn ndeleng prasasti lan tinggalan jaman kepungkur, wayang kira-kira wis ana sadurungé agama Hindu mlebu. Nalika kuwi lakon wayang durung nganggo crita-crita kang dijupuk seka India. Pagelaran iki dienggo srana nyembah marang roh leluhur.Sawetara anggitan sastra jaman Mataram anyar akèh kang nulis perkara sajarah wayang. Nanging, para ahli sajarah ora sarujuk marang apa kang tinulis ing kono amarga ora cocok marang cathetan lan tinggalan sajarah kang wis ana.
Prasasti paling kuno ana ing abad kaping IV Masehi. Prasasti ngemot ukara mawayang kanggo pagelaran pahargyan sima utawa bumi perdhikan. Katrangan kang luwih trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masehi. Ing kono tinulis si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara. Artiné kira-kira: Si Galigi ndhalang kanggo Hyang kanthi lakon Bimma Sang Kumara."
Agama Hindu kang mlebu ing Nusantara gawé crita wayang béda karo asliné. Crita Ramayana lan Mahabharata wiwit dienggo kanggo dakwah agama. Ing panguwasaning Dharmawangsa Teguh (991-1016), akèh crita seka India kang mlebu lan digawé gagrag jawané. Wayang wiwit nyebar ing ngendi-ngendi nalika Majapahit nguwasani Nusantara.
Crita-crita kang asliné seka India iku pungkasané wis geseh karo mauné. Para pujangga Jawa gawé crita dhéwé kanggo mepaki apa kang wis ana. Ing Pedhalangan, crita-crita iki sinebut lakon carangan.
Jaman Islam mlebu, Walisanga uga nganggo wayang ing panyebarané. Ing jaman iki wiwit ana Wayang Menak. Gagrag-gagrag tambah akèh ngepasi Mataram anyar. Walanda kang digdaya gawé kraton Surakarta ngracik akèh crita wayang kanggo nglelipur ati.
Indonésia merdika uga nyumbang gagrag wayang kang manéka warna. Manéka warna wayang mau ana kang tetep digelar ana kang mung urip ing jamané dhéwé. Wayang kang paling akèh dienggo yaiku wayang kulit purwa.
Langganan:
Postingan (Atom)