ILIR-ILIR JAMAN REVOLUSI LAN REFORMASI
Nalika tahun 1965 akeh wong sing padha ngadegake partai politik. Saben wektu (esuk, awan, sore, bengi) padha nganakake kampanye. Yen wayah bengi anggone kampanye kanthi cara gawe panggung kanggo pentas seni budaya. Acarane sarwa komplit, wiwit hiburan kanggo bocah nganti wong tuwa. Yen bocah bisa kanthi pentas tari lan lagu (tembang), umpamane Cublak-cublak suweng, Tukung-tukung, Jaranan, Ilir-ilir lsp.
Ana sing kandha yen Ilir-ilir iku anggitane Sunan Kalijaga, nanging ana sing kandha ora dimangerteni pengarange, kabeh panemu sumangga, sing baku llir-ilir kondhang lan disenengi masyarakat.
Coba gatekna tembang llir-ilir lan maknane ing jaman revolusi iki.
ILIR-ILIR
Lir-ilir tandure wis sumilir
Tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar
Bocah angon, penekna blimbing kuwi
Lunyu-lunyu peneken kanggo masuh dodotira,
Dodotira, kumitir bedhah ing pinggir,
Domana jlumantana kanggo seba mengko sore,
Mumpung gedhe rembulane, mumpung jembar kalangane,
Dha suraka, surak hore
Maknane kurang luwih mangkene :
Para kawula/para mudha, pelajar wis wani berjuang (sumilir)
Senajan lagi sithik ngelmune (ijo) bab pamrentahan lan politik lanang lan wadon (kaya temanten) padha wani berjuang.
Para kawula/rakyat (cah angon) padha belanana Negara Pancasila (blimbing sing lingirane ana lima) minangka sandhangane (dodot).
Senajan abot lan angel (lunyu) kudu bisa sebab kanggo resiking/pulihing Negara RI.
Jaman iku Pancasila (dodot = sandhangan bangsa Indonesia) arep diothak-athik, njalari tumpang suh, kisruh saengga tuwuh salah paham antarane partai siji lan sijine, klompok siji lan sijine (kumitir bedhah ing pinggir).
Nanging partai lan klompok sing beda panemu kudu dirangkul (didadekake siji) kanggo nerusake gegayuhane bangsa Indonesia. Mumpung ana wektu sing becik lan ana sing mitulungi (ekonomine bangsa Indonesia) yaiku Negara kulonan (Negara Barat).
Wiwit biyen nganti jaman saiki pancen tembang Ilir-ilir disenengi lan tansah ditembangake wong Jawa, umpamane ing pagelaran wayang, kethoprak, malah saiki kanggo ing campursari, macapatan, samroh uga kairing wujude iringan sing maneka warna (kolaborasi), ana sing karawitan lan dangdut, band lan samroh lsp.
Nalika tahun 1999 (wiwitane reformasi) Ilir-ilir ditembangake ing HUT RI ka-54 ing tlatah Sala, malah musik Kyai Kanjeng pimpinane Emha Ainun Najib (Cak Nun) uga nembangake.
Ana sing negesi tembang Ilir-ilir ing jaman reformasi iku mangkene :
Wektu iki akeh tuwuh (muncul) partai anyar kaya jaman biyen.
Partai anyar padha kepingin dadi pemimpin (raja) kaya dene raja sehari (temanten anyar). Pemuda sing asale saka desa (bebasan cah angon) padha berjuang nggayuh pepinginane dadi pemimpin.
Ora ketang abot sanggane kabeh kepingin kasembadan gegayuhane, kanggo ngresiki jeneng lan mbalekake ajining dhiri lan kawibawane (mbasuh dodotira).
Pamarintah kaya wis kelangan kapercayan saka wargane saengga rakyat mung bisa nyalahake marang aparat.
Sanajan mangkono kahanane, pamarintah/aparat Negara kudu bisa ngrangkul rakyat (wong cilik) kanggo mbangun Negara sing duwe gegayuhan luhur (ing Pacasila). Mumung ana partai /klompok sing gedhe (gelem gabung) lan antuk pitulungan Negara manca (jembar kalangane) ayo padha duwe semangat kanggo berjuang.
(Bayu Giri, Jaya Baya 16, Desember 2005, mawa besutan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar