Minggu, 06 Maret 2011

PACELATON
Cobi pacelathon katindakna kanthi sae (iramanipun), leres (pocapan/lafalipun).
Bapak : “Saka tindak endi Bu ?
Ibu : “Blanja Pak, saka warung, wah ….. wah jan tenan”
Bapak : “Lho, lha kepriye Bu, kok sajak ora karenan panggalihe”
Ibu : “Lha kepriye to Pak, reregan barang saiki mundhak kabeh, ora mung sembako, nanging barang kebutuhan saben dinane ora gelem kalah, kabeh padha nututi mundhak”
Bapak : “Ya sabar Bu, ora mung awake dhewe sing ngrasakake, nanging kabeh rakyat Indonesia, yo idhep-idhep ajar gemi lan setiti, rak becik ta Bu”
Ibu : “Bocah-bocah perlu diajak rembugan Pak, supaya bias ngirit lan tansah petung ing sakabehing kebutuhan, sukur yen padha ajar mandhiri supaya melu ngenthengake karepotane wong tuwa”
Bapak : “Lho Widada rak yow is ajar golek dhuwit, nampa terjemahan bahasa Inggris malah saiki gladhen dadi pranata cara. Yen ana asile bias kanggo nyukupi butuhe dhewe, bias mbiyantu wong tuwa”
Ibu : “Pancen bocah saiki kudu bias nampa kanyatan, narima ing pandum lan gladhen urip prasaja aja lali Manawa awake dhewe uga kudu bias dadi tuladha sing becik kanggo panguripane anak”
Bapak : “Lha kae Widada lan Widati wis teka, coba ditimbali mrene”
Ibu : “Ya Pak, coba dak undange mrene”
(Ora let suwe Widada lan Widati wis lungguh ing sangarepe bapak lan ibune)
Widada : “Wonten dhawuh menapa Pak ?”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar